Watak Menurut Tanggal Lahir Primbon Jawa
Langsung saja kami akan menuliskan watak menurut tanggal kelahiran yang dikutip dari Primbon Jawa, selamat membaca.
Yen lahir ing:
- Tanggal 1, angkuh, gedhe sedyane, yen kesandhung babar pisan wurung, dadi urusaning wong.
- Tanggal 2, sugih anak sugih mitra, pilih kasih semu lengus, lalen.
- Tanggal 3, sumeh prasaja, kaku gelis lejare, golongane kakon aten, nanging gemati.
- Tanggal 4, wegig micara, akeh pikire becik, elingan sabarang.
- Tanggal 5, micara, maratangan, mara cangkem, loma ing bojakrama.
- Tanggal 6, busuk lalen sabarang pikir, crobo sabarang ginarap, kesed resikan tani pikire.
- Tanggal 7, wegig micara, rada pareng maring wong wadon ingkang ala pikire saru.
- Tanggal 8, sugih etung ala becik, sugih sadulur lan rukun ing sabarang pikire becik.
- Tanggal 9, kakon aten, panasbaran, gelis lejare, lumrah pikire, lila sabarang.
- Tanggal 10, pepet sumber, lalen nanging wegig pikire, dhemen wewadul ala lan becik.
- Tanggal 11, ber pikire jubriya sumangkeyan, nanging weruh tata ala becik.
- Tanggal 12, dhemen semu oleh, yen meneng lengus, yen receh patitis samubarang wasis.
- Tanggal 13, limpad pamicarane, patitis wegig, kaku mung sadhela, brangasan nuli lejar.
- Tanggal 14, sugih wicara, becik cetha weruh ing sabarang, suci lahir batin, prayoga pikire.
- Tanggal 15, terang sabarang pikire, sedhengan, dadi pujangga, akeh wicarane kang suci.
- Tanggal 16, busuk lalen, crobo sabarang pikire, kepara kesed sabarang gawe.
- Tanggal 17, sugih etung ala becik, sugih saduluran, padha rukun barang pikire, prayoga suci.
- Tanggal 18, wegig micara limpad, rada pareng madon, parengan ing ala lakune.
- Tanggal 19, kakon aten, panasbaran gelis lejare lila barang pikire, murah bojakramane.
- Tanggal 20, pepet pikire lalen, wekel pikire dhemen kena waduling wong ala lan becik.
- Tanggal 21, ber pikir jubriya sumangkeyan, nanging weruh watak ala lan becik.
- Tanggal 22, dhemen pikir molah, yen meneng bagus, yen juweh patitis nalare, kwruhe iku nyata.
- Tanggal 23, limpad pamicara patitis, wegig, brangasan nanging sadhela bae lejar, pikire sareh.
- Tanggal 24, suci, sugih wicara becik, cetha kawruhe, suci pikire lahir batin.
- Tanggal 25, terang sabarang, pikir sedhengan, dadi pujangga, akeh wicarane sabarang suci.
- Tanggal 26, busuk lalen crobo sabarang pikire, pagaweyane kesed lumuh, iku wong ala.
- Tanggal 27, sugih etung ala becik, sugih anak sadulur, padha rukun gawe.
- Tanggal 28, sugih wicara nyenyengit tembunge, rada pareng mring wadon kang ala pikire ngiwa.
- Tanggal 29, kakon aten panasbaran, gelis lilih lejare, pradhah ing bojakrama.
- Tanggal 30, gedhe piyangkuhe, gedhe begjane, yen kasandhung gedhe ora dadi ngapa.
Posting Komentar untuk "Watak Menurut Tanggal Lahir Primbon Jawa"