Watak Menurut Ramal Nabi Primbon Jawa - Informasi Faktual

Watak Menurut Ramal Nabi Primbon Jawa

Watak Menurut Ramal Nabi

 Pasti kalian sudah tidak asing dengan kata weton dan neptu, kali ini kami akan menuliskan watak menurut Ramal Nabi yang dikutip dari Kitab Primbon Jawa. Dihitung dari jumlah neptu hari dan pasaran ketika lahir.

Contoh: lahir pada hari Sabtu Paing,  neptu hari Sabtu adalah 9, Paing neptunya adalah 9, jika ditotal maka 9+9 = 18 maka jatuhnya pada ramal Nabi Yusuf, dibawah ini keterangannya.

  • Neptu 7, Ramal Nabi Yunus. Watake sugih anak, ngarepake awanguwung, akeh godhane. Tutulake sidhekah timah bobot satail.
  • Neptu 8, Ramal Nabi Ayub. Watake gedhe pangane, sring tukaran. Tutulake sidhekah kapas bobot satail, aja mangan sabarang endhog.
  • Neptu 9, Ramal Nabi Musa. Watake akeh pangarahe, menang perang, ngarepake kabecikan, ambabarake wirang marang brayat, panasten, kena bilahi. Tutulake sidhekah jarik sakebar (salembar), aja mangan daging wedus.
  • Neptu 10, Ramal Nabi Nuh. Watake nglakonana merdagang lan tani, kena bilahi. Tutulake sidhekah jarik sakebar, aja mangan iwak kang bisa mabur.
  • Neptu 11, Ramal Nabi Idris. Watake adoh ing bilahi, karep panggawe becik, ngarepake nikmat, kena cacad. Tutulake sidhekah daging banyu (iwak loh), aja mangan emping wos.
  • Neptu 12, Ramal Nabi Ibrahim. Watake tan kena adoh lan masjid, oleh arta tinggal arta, yen dudu artane dhewe kang ora sah ndadekake rubedane awakke. Tutulake sidhekah sega gurih, slawate telung ketheng, yen nuju tanggal 15 adusa ing tuk pitu, aja mangan iwak suhunan (utek).
  • Neptu 13, Ramal Nabi Adam. Watake begja oleh kanugrahan, akeh artine, sugih anak becik-becik, nemu ala saka anak, agung dipitnah wong, wanci umur satengah tuwuh pisah lan anak rabine. Tutulake sidhekah keris, aja mangan iwak kang bisa mabur.
  • Neptu 14, Ramal Nabi Sulaiman. Watake sugih arta-arti, kedhep keringan, nanging awis putra, sring mumungsuhan. Tutulake sidhekah jarik ireng utawa abang.
  • Neptu 15, Ramal Nabi Daud. Watake akeh putrane, artine akeh ilang, agung prihatine, suka-suka mung sa'anak rabine. Tutulake sidhekah salaka bobot limang dinar sepuluh saga.
  • Neptu 16, Ramal Nabi Isa. Watake oleh kanugrahan, nduweni ati abot, akeh wong asih, kena bilahi. Tutulake sidhekah beras abang sapitrah, sagegem, sajimpit lan pitik abang, sawayah-wayahe bae anggone ngabulake.
  • Neptu 17, Ramal Nabi Muhammad. Watake ora duwe arta, karep ing kabecikan, tetep pangabektine, ora kena suka-suka, akeh satrune, kanugrahane agung, akeh bilahine. Tutulake sidhekah dodod putih.
  • Neptu 18, Ramal Nabi Yusuf. Watake akeh begjane sugih arta, kena bilahi. Tutulake sidhekah dodot kuning.
     


0 Response to "Watak Menurut Ramal Nabi Primbon Jawa"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel