Watak Bayi Menurut Weton Primbon Jawa - Informasi Faktual

Watak Bayi Menurut Weton Primbon Jawa

Watak Bayi Menurut Weton

     Dalam artikel ini kami akan menuliskan watak bayi menurut weton yaitu jumlah dari neptu dina lan pasaran. Contoh lahir pada hari Senin Kliwon, neptu Senin 4, neptu Kliwon 8 maka weton Senin Kliwon adalah 12. Untuk melihat jumlah weton dari penjumlahan neptu bisa dilihat di artikel disini.
 
Miturut gunggune neptune dina lan pasaran nalika lahir. Yen gunggune neptune katemu:
7. Narima, dhemen ulah kapandhitan, nanging wicarane tan kena kasoran, dhemen lelungan adoh.
8. Brangasan lan panasbaran, drengki kurang marta kang ati, akeh wong kang den brangus, dhemen padu, yen nepsu sok mbilaheni.
9. Baranjalan omah-omah sring ngalih, sabane adoh, yen duwe japa, ora mandi malah gawe karusakan.
10. Anteng sembada, yen diwulang lantip, jero nepsune, baud lan bisa dadi dhukun, ora gelem tinakonan, juweh tresna marang sanak sadulure.
11. Mapan bares tur pralayan, wani ngambah ing wengi lan kendel, wani mati, dhemen weweh, loma maring sapadha-padha. Alane yen nandhang miskin, sring climut gelem njupuk barange tangga.
12. Kurang panarima ing titah, akeh pangarahe, kasmaran mring kasinggihan, (dhemen kaluhuran), lananga wadona gampang golek sandhang pangan, sring kelangan, tetepungane kurang manis.
13. Lanyah pamicarane, gungane kepati-pati, nanging atine becik, rukun runtut mring sadulure, yen nepsu ala, betah melek tinggal kalbu (melek tanpa keperluan), yen nyudagar wateke taberi dagang.
14. Sabarang pagaweyan bisa, sadhela bae banjur pinter, apa maneh yen diwulang banget anggone ngemen-emenake, cacade rada sungkanan lan ora sugih, nanging lembah manah.
15. Gejarah bisa mrentah marang wong, keras tatas atine, cukup pambudine, ora kurang sandhang pangan, akeh mitrane kang padha asih, cacade sring padu bab tatakrama lan akrama.
16. Sedhep marang silakrama, sugih, juweh, sabarang cinipta ora luput amasthi dadi, yen bukti (memangan) ora kena pinalangan.
17. Meneng nanging cugetan aten, yen nyambutgawe sring niwasi, kerep dipaeka wong, tan kena pinadhanan ing sapadha-padha.
18. Kaduk wani kurang duduga, yen dinulu padune sembranan, yen tukaran diwaneni banjur ngalah.



0 Response to "Watak Bayi Menurut Weton Primbon Jawa"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel