Watak Bayi Menurut Hari Lahir dan Pasaran Primbon Jawa
Dalam artikel sebelumnya kami sudah menuliskan berbagai macam watak bayi menurut hal yang berbeda-beda yang dikutip dari Primbon Jawa. Kali ini kami akan menuliskan watak bayi menurut hari kelahiran dan pasaran dalam Primbon Jawa.
Yen lahire ing dina lan pasaran:
- Jumuah Kliwon, yen lanang ora micara, mung sedhengan bae. Yen wadon lanas, marang wong lanang ngewani.
- Setu Legi, cukeng, pinter golek milik, blaba, ngingua jaran, wasis sarta sugih.
- Akad Paing, wegig, pikire prayitna, weweka, semu dhiri piyangkuh kaya amutera jagad.
- Senen Pon, manis wicarane, bisa ngenaki pikir sasamaning wong lan bisa golek rejeki.
- Slasa Wage, lamuh wuruk, ora micara. Yen wong wadon prayoga, bisa simpen arta.
- Rebo Kliwon, wegig micara, ing pikir calimut marang wong wadon, mawi rusuh watak pandhita.
- Kemis Legi, ber pikir, lumuh kaungkulan. Yen wadon luwih candhala, mring wong lanang ngewani padu.
- Jumuah Paing, meneng, yen busuk babar pisan, yen pinter dadi panutane wong akeh, sugih kapinteran.
- Setu Pon, bisa kriya gawene, yen lanang. Yen wadon, bisa golek melik, ambalubud.
- Akad Wage, gedhe karepe, yen duwe pikir ora kena dipalangi. Yen wadon ala.
- Senen Kliwon, anteng pikire, yen ijih enom bandhol sadhela, yen wis tuwa alus pikire.
- Slasa Legi, kurang micara, yen juweh wegig, barang ing pikir apik, kapara ngutuh wekasane lana.
- Rebo Paing, mungguh umpakan, kapara diri, lumuh kungkulan, satemene cocogan, pikire banter.
- Kemis Pon, anteng pikire, piyangkuh, meneng, besus samubarang ora ketara, piyangkuh gemi tegese.
- Jumuah Wage, bisa micara, juweh receh patitis, cetha nanging cengkiling, hlan nanging kerep kesandhung.
- Setu Kliwon, bodho ngaku pinter, lalen nanging temen, lumuh maju gawe.
- Akad Legi, lalen kurang wegig kapinterane, karemane madon, kang padha laku ala panggawe ngiwa.
- Senen Paing, murka marang pagaweyan samubarang sedhengan, yen wadon pikire luwih prayoga.
- Slasa Pon, kurang pikir, lumuh ing prakara, yen wadon sae, prayoga sinelir ing priyayi.
- Rebo Wage, sedhengan barang pikire, maju ing gawe. Yen wadon candhala marang wong lanang.
- Kemis Kliwon, kurang pikire pethel ing gawe. Yen wadon sedhengan ing pamikire iku.
- Jumuah Legi, ela-elu ora duwe pikir dhewe, yen kalah gela jro batine, langkung susah atine.
- Setu Paing, lanang wadona bisa golek melik, bisa simpen wicara alus utawa agal.
- Akad Pon, kurang pikir, pracaya ing liyan. Yen wadon prayoga, bisa simpen kayane wong lanang.
- Senen Wage, kurang pikire, bregundung atine, wani pakewuh, wani mati. Yen wadon becik.
- Slasa Kliwon, yen busuk babar pisan yen pinter dadi pujangga utawa ngulama.
- Rebo Legi, lumrah prasaja, njaluk gelem, dijaluki aweh. Yen wadon prayoga sabarang pikire.
- Kemis Paing, tentrem anteng, tan amikir, maju gawe temen, dadi priyayi cendhak marang wong agung, sedhengan samubarang gawene.
- Jumuah Pon, wegig sajroning pikir. Yen nora kaduga mlengos, ewo atine kang ala.
- Setu Wage, lalen panggrahitane, pikire sajroning ati kaku, lengus sandhela nuli mari.
- Akad Kliwon, murka susah karep. Yen wadon boros ing darbele.
- Senen Legi, anteng ora dhemen micara, welu karepe. Yen wadon becik sabarang gawene.
- Slasa Paing, isinan kaku pikire andhap patrape, lumuh mring pagaweyan. Yen wadon remen mengku kakunge.
- Rebo Pon, kuat pikire sregep ing gawe, temen sedyane. Yen wadon gemi, nanging kaku pikire.
- Kemis Wage, banter budine, saguh ing gawe, kuwat sabarang pakewuh. Yen wadon pikire ora lilan.
Posting Komentar untuk "Watak Bayi Menurut Hari Lahir dan Pasaran Primbon Jawa"