Watak Bayi Menurut Pasaran Kelahiran Menurut Primbon Jawa - Informasi Faktual

Watak Bayi Menurut Pasaran Kelahiran Menurut Primbon Jawa

watak bayi menurut pasaran kelahiran

 Sama seperti artikel sebelumnya namun kali ini kami akan membahas watak bayi menurut pasaran kelahiran yang dikutip dari Kitab Primbon Betaljemur Adammakna Kanjeng Pangeran Harya Tjakraningrat.

Yen lahir ing pasaran:

Kliwon, wisa marta durjana tengah, ana alane lan ana becike ingon-ingone munyuk lan asu, watake munyuk dhemen memenek, galak ora bisa tutut, akeh akale, saba dharatan lan kekayon, uga ana ing banyu, sanajan wis dipakani, uga gelem nyakot lan ngiwi-iwi, ora kena dicedhaki lan dibeciki. Watake asu setia tuhu marang bendarane nanging crobo pangane, nalare ajeg sukawirya, gedhe kakarepane, akeh slamete, sabab akeh pujine. Slametane kethek, tegese jenang mancawarna (sarupane jenang).

Legi, sumendi, ngibaratake Ratu utawa Bupati, ingon-ingone kucing karo tikus, watake kucing awas, luwih tutut, bungah atine, tan duwe sanggarunggi, bilahine dipaeka, sawise dipaeka lagi metu curigane, bisa amor sugih, bisa amor mlarat. Watake tikus yen bengi melek, awas, akeh pangati-atine, bingung atine saka awake, sathithik pangane, mandi panyakote, samubarang kang cinakot gelis mati, sring diwisaya wong, bisa gawe dhadhakan, niteni banget marang panggawe ala lan becik, gedhe begjane lan gedhe bilahine. Slametane pitik, tegese jajan tukon pasar sapepake.

Paing, cendhana, ingon-ingone macan, watake adoh pasabane, lungguh dhewe, turu dhewe, arang mangane, kajaba yen dadi ingon-ingone ratu, akeh satrune, yen didhisiki mbilaheni, yen ndhisiki ora dadi apa yen duwe gagaman resikan, nepsune saka wong wadon, kerep diapusi, barange kang ilang arang kang bisa bali. Slametane kucing, tegese sega lan iwak.

Pon, samahita, kulon lakuning Nabi, ingon-ingone wedhus, watake wedhus dhemen wajangan, pasabane ora adoh, kang dipangan tanduran, tegese mung duweke dhewe, sring muring-muring maring bojone lan anak batihe, nalare kuwur saka wong tuwa, watake wedhus sok wani maring kang ngingu, yen wani ora kena pinenging, sedheng, kayane. Wateke Nabi tutut budine, pituture lumaku digugu. Slametane bulus angrem, tegese klepon karo srabi.

Wage, prabuanom, lor lakuning dhandhang, ingon-ingone sapi, watake tutut, sakarepe kang ngereh dadi, pangane kudu diingoni, crobo, watake sapi dhoso, yen dipecut sok ngamuk, sabarang tinubruk, sathithik amburu pangan, nanging yen mangan lali sanak sadulure lan wong tuwane, peteng pikire kena pitenah, duwe kasinggihan, nanging angkuh. Slametane bantheng, tegese sego golong.

 

0 Response to "Watak Bayi Menurut Pasaran Kelahiran Menurut Primbon Jawa "

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel