Watak Bayi Menurut Hari Kelahiran Menurut Primbon Jawa - Informasi Faktual

Watak Bayi Menurut Hari Kelahiran Menurut Primbon Jawa

Watak Bayi Menurut Hari Kelahiran

 Dalam artikel ini watak bayi menurut hari kelahiran yang dikutip dari Kitab Primbon Betaljemur Adammakna Kanjeng Pangeran Harya Tjakraningrat.

Yen lahir ing dina :

Akad, lakuning srengenge, padhang atine, suka rila samubarange maring pawong sanake, keras budine, asih marang kawula, resikan lan pinter nucara, bisa mrentah wong tuwa.

Senen, lakuning rembulan, ora kena digampang wicarane, sabab luwih panas, kebat cukat samubarange, suka rila ing batin, dhemen marang panggawe bener.

Slasa, lakuning geni, durjana rong prakara, disengiti wong, yen duwe sasanakan mung sadhela, sabab banjur crah, suka rila, nanging jail dahwen panasten tan antepan.

Rebo, lakuning bumi, yen becik ngluwihi becike, ora kurang sandhang pangan, budine meneng, yen clathu kepara ngarep, samangsa gelem clathu kakudu-kudu.

Kemis, lakuning angin lan gelap, sapa kang dadi jodhone sring mati dhisik, akeh kang padha wedi mring wicarane, yen duwe rowang ora bisa awet, ora terus ing batin, panas atine, luwih brangasan, ing lahir budine luwih becik sarta rempit, dhemen digunggung ing wong, kena diapusi yen diempuk alus.

Jumuah, lakuning lintang, dhemen mandhita lan dhemen mlarat, yen deduwen dijaluk sanak sadulure suka rila, dhemen ngupaya kapinteran, ambeke alus, suka marang pawong sanake, akeh pawong mitrane padha asih.

Setu, lakuning banyu, kerep disatru wong, akeh mitrane uga padha nyirik, sarta kinaweden ing wong akeh, nangin ana kayane, pinter ngupaya sandhang pangan, dol tinuku gelis payu, luwih banter gawene, sabarang pegaweyan kudu maratangan, enggal katandangan.

0 Response to "Watak Bayi Menurut Hari Kelahiran Menurut Primbon Jawa "

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel