Ngalamate Lintang Cahya Primbon Jawa - Informasi Faktual

Ngalamate Lintang Cahya Primbon Jawa

lintang cahya

    Yen sawijining bangsa (bawana) kang lagi nandhang asor, manawa bawana mau wis ka'andhokan (kapanggonan utawa ka'andhegan) lintang cahya rambah kaping pat, kapetung saka wiwitaning asor (lintang cahya katon kaping patang ambalan saka bawana kang lagi asor), bangsa kang asor (jajahan) mau wiwit arep nemu unggul lan mulya. Kosok baline bangsa kang unggul, yen saka wiwitaning unggul wis ka'andhokan lintang cahya patang ambalan, bangsa kang unggul mau uga wis mangsane gilir gumanti bakal tumiba asor. Mangkono sabanjure, ganti-gumanti asor, unggul, asor unggul.

    Perlu katerangake sawatara, mungguh anane lintang cahya mau mangkene: manut Primbon ilmu Palintangan, katon ubenge lintang cahya iku saben antarane 80 nganti 90 tahun lawase lagi katon maneh. Murih gampange petungan, ing kene kajupuk tengah-tengah, ubenge lintang cahya kagawe racak saben 85 tahun sapisan andhoke (andhege).

    Ing abad 15, wis 400 san tahun saprene lawase, karaton Majapait rusak. Banjur madeg kraton Demak, wiwit ing wektu iku kraton Jawa surem darajade, kabudayan, padagangan lan liya-liyane wiwit sirna. Ing abad 16, wis 350 san tahun lawase, sajumenenge Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan Agung, bangsa Walanda wiwit njajah tanah Jawa.

Ing ndhuwur wis katerangake wiwit asoring bangsa, yen wis kaandhokan lintang cahya patang ambalan, yaiku 85 tahun x 4 = 340 tahun, iku martandhani wiwit maneh unggule.

    Tanah Jawa anggone nandhang papa sangsara kajajah Walanda wis 350 san tahun lawase, sajrone 350 tahun mau tanah Jawa wis ka'andhokan lintang cahya kaping patang ambalan, yaiku kang kaping pate tiba ing sasi Oktober 1948. Miturut petungan iki, tanah Jawa (Indonesia) wis mangsane dharah Mataram lan saindhenge tanah Indonesia wiwit mumbul darajade lan kaluhurake pulih kaya dhek jaman karaton Majapait. Mulane padha dititeni bae, murih ngenggalake tumekane isarate ora ana maneh kajaba mung padha suci, jujur ora padha rerebutan, marga saka melik anggendhong lali mung padha ngoyak drajat lan semat.

0 Response to "Ngalamate Lintang Cahya Primbon Jawa"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel