Membangun, Jual dan Pindah Rumah Menurut Bulan Dalam Primbon Jawa - Informasi Faktual

Membangun, Jual dan Pindah Rumah Menurut Bulan Dalam Primbon Jawa

Membangun, Jual dan Pindah Rumah

 Dalam artikel kali ini kami akan menuliskan apa yang kemungkinan terjadi apabila membangun, jual dan pindah rumah menurut bulan tertentu yang dikutip dari Primbon Jawa. Dalam hal ini perlu digaris bawahi bahwa tidak untuk dipercaya 100% melainkan cukup dijadikan rambu-rambu atau peringatan untuk mempersiapkan hal yang buruk untuk menjadi hal yang baik.

Ngedegake, mayu lan ngelih omah ing sasi:

  1. Sura: Ngedegake omah, nemu susah, kobongan, enggal ngalih panggonan. Mayu omah, tansah hura-huru. Ngelih omah, ora bisa turu akeh bilahine.
  2. Sapar: Ngedegake omah, akeh rewange, nanging karusakan. Mayu omah, akeh wong bekti. Ngelih omah, akeh wong wedi.
  3. Rabingulawal: Ngedegake omah, geringen lan gelis mati sakloron. Mayu omah, enggal kepaten. Ngelih omah, akeh sambekalane karusakan mati sakloron.
  4. Rabingulakir: Ngedegake omah, rahayu tulus. Mayu omah, rahayu. Ngelih omah, akeh kang asih.
  5. Jumadilawal: Ngedegake omah, akeh wisayaning wong. Mayu omah, akeh kang kawula nanging sring nemu pakewuh. Ngelih omah, geringen.
  6. Jumadilakir: Ngedegake omah, kerep katekan sanak, oleh kasenengan, nanging ora lana sarta sring geringan. Mayu omah, geringan. Ngelih omah, ing pamburine nemu ala, geringan.
  7. Rejeb: Ngedegake omah, ora becik nanging tulus ngingu kewan sikilpat. Mayu omah, sabarang gawe ora kebeneran. Ngelih omah, bakal nemu kasugihan.
  8. Ruwah: Ngedegake omah, wineden sapadha-padha, nanging mlarat. Mayu omah, kinasihan wong akeh, rahayu slamet nanging mlarat. Ngelih omah, kinasihan sapadha-padha.
  9. Pasa: Ngedegake omah, sugih mas picis. Mayu omah, luwih utama. Ngelih omah, kerep oleh donya.
  10. Sawal: Ngedegake omah, kerep ngalih adoh sring tukaran. Mayu omah, akeh kang menjana. Ngelih omah, gelis kobongan, dipateni wong.
  11. Dulkaidah: Ngedegake omah, sugih rejeki suci. Mayu omah, dikaniaya sanake, tansah nemu runtik. Ngelih omah, kinasihan para luhur, nanging den kaniaya sanak.
  12. Besar: Ngadegake omah, sugih kebo sapi, sabarang slamet. Mayu omah, oleh donya brana. Ngelih omah, bakal oleh kebo sapi.


0 Response to "Membangun, Jual dan Pindah Rumah Menurut Bulan Dalam Primbon Jawa "

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel