Obat Gabag dan Cacar Air Pada Bayi Menurut Primbon Jawa - Informasi Faktual

Obat Gabag dan Cacar Air Pada Bayi Menurut Primbon Jawa

Obat Gabag dan Cacar Air Pada Bayi

 Gabag adalah istilah yang sering digunakan dalam masyarakat untuk bercak merah yang timbul di seluruh tubuh. Sedangkan cacar air adalah penyakit menular yang disebabkan oleh virus Varicella Zoster, penyakit ini ditandai dengan gejala berupa ruam kemerahan berisi cairan yang sangat gatal di seluruh tubuh. Dalam artikel ini kami akan menuliskan obat gabag dan cacar air pada bayi menurut primbon Jawa.

Tamba bayi lara gabag lan cacar banyu:

  1. Yen lara gabag: babal, godhong plencing (godhong so), lan adas pulawaras, kabeh kapipis binanyonan sathithik banjur kawedhakake ing badan sakojur tumeka sikil.
  2. Yen lara cacar banyu: kemladheyan kelor lan adas pulawaras, kapipis kabanyonan sathithik banjur kawadhahake ing badan sakojur tumeka sirah.
  3. Lara gabah lan cacar banyu mau tamba kang diombe yaiku: madu lan banyune degan ijo, sawise kaudhak banjur kaombekake kira-kira kehe sacangkir.
  4. Dene paduhane lara gabag lan cacar banyu mau yaiku: tela gantung kang ijih nom (kates, uga ana kang ngarani gandhul) ing ndhuwur sangisore gagang dikethok perlu kanggo bolongan anggone mbuwang isine, sawise isine dibuwang nganti resik, banjur diiseni: gabah, otek, jagung, botor, ketan ireng, kacang ijo, bata, wedhi, beling, krikil, gereh pethek, kethokan kates mau banjur ditangkepake maneh kang kenceng, perlu kanggo nutupi bolongan mau, supaya kabeh kang wis diisekake aja nganti padha metu (wutah), kates mau banjur kabenem nganti mateng banget. Yen wis mateng banget kajupuk sarta banjur kabuwang ing kali, dene yen adoh kali, buwangen ing sumur bae sadurunge dibuang kudu muni mangkene: heh sigabag sicacar banyu, sira aja pati-pati thukul, yen paduhan kang sun buwang kakelekake ing kali, (kang kacemplungake ing sumur) durung thukul. Sawise ngucap mangkono banjur kabuwang kakelekake ing kali utawa sumur.

0 Response to "Obat Gabag dan Cacar Air Pada Bayi Menurut Primbon Jawa"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel