Lintang Kemukus Menurut Primbon Jawa - Informasi Faktual

Lintang Kemukus Menurut Primbon Jawa

 

Lintang kemukus

Lintang kemukus ini lebih kita kenal dengan istilah bintang berekor atau komet. Lintang kemukus dalam masyarakat Jawa biasa dijadikan sebagai pertanda akan terjadi sesuatu hal. Berikut kami akan menuliskan lintang kemukus menurut Primbon Jawa.

Yen lintang kemukus manggon ing:

  1. Wetan, ana Ratu prihatin para Bupati sahandhahane padha susah, wong padesan padha karusakan, akeh udan, beras pari murah, mas inten larang.
  2. Kidul wetan, ana Ratu seda, wong padesan akeh ngalih panggonan, larang udan, wowohan padha runtuh, akeh pagering (lelara), larang beras pari murah kebo sapi.
  3. Kidul, ana Ratu seda, para Bupati sahandhahane padha pancabakah, akeh udan, wowohan ndadi beras pari, kebo sapi murah, nanging wong padesan padha prihatin.
  4. Kidul kulon, ana Ratu seda, wong desa padha oleh kabecikan, wowohan ndadi, murah beras pari, kebo sapi akeh mati.
  5. Kulon, ana Ratu jumeneng, wong padesan padha seneng akeh udan, tulus kang sarwa tinandur murah beras pari.
  6. Lor kulon, ana Ratu rebutan kagunan, para Bupati sahandhahane padha pancakara, wong padesan padha prihatin, akeh udan, gludhug bledheg ngampar-ampar ana grahana, kebo sapi akeh mati, larang beras pari, mas inten murah.
  7. Lor, ana Ratu kewuhan pamarentahe, para Bupati sahandhahane padha pancakara, akeh pepati, wong padesan padha susah, larang udan, larang beras, larang pari, mas inten murah.
  8. Lor wetan, ana Ratu tininggal ing bala, para Bupati sahandhahane akeh mati perang, padesan karusakan, kawula nandhang prihatin, larang beras pari, kebo sapi murah, wohwohan padha ndadi.

0 Response to "Lintang Kemukus Menurut Primbon Jawa"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel